Rabu, 05 Oktober 2011

Orang Gila-gilaan Gak Mandi

Penting dibaca sebelum mebaca !!
Tulisan di bawah ini akan disampaikan dalam bahasa "Belanda ajak adul" yang bisa menerjemahkannya dengan baik, silakan dibaca, yang tidak, cobalah minta tolong Google Translate atau minta teman yang lebih faham untuk menterjemahkannya.

Dina kiye kyeh, wuiss bahasane sangar nemen. Dina kiye, enyong berhasil "nipu" wong-wong neng kampus karo penampilane enyong. Sebabe apa? Enyong neng kampus sebenere hurung adus. Tak ulangi maning HURUNG ADUS!!! hebat apa ora kweh?? Bocah sing baguse saporete kue (haha ngarep) hurung adus tapi wani-wanine mangkat neng kampus. 
Memang sih, banyu neng koste enyong saiki lagi angel. Musim kemarau mangsa ketelu kaya saiki, banyu dadi angel metune. Bu Koste enyong baen kudu ngadangi banyu sing jam loro bengi nggo adus bocah-bocah kost esuke. Esuke untung-untungan angger sing telat adus biasane ora keduma banyu, akhire ye kopet. Ngerti kopet?
Rencanane sih ya dina kiye enyong janji man neng kampus jam sepuluhan, man ketemu karo bocah sing man jaluk film karo man luruh jurnal. Nah, tapi sahurunge, enyong biasa dolanan Facebookan ndisit neng kost karo ndonload mp3. Bar kue enyong mangan esuk disit alias sarapan neng warung pereke kost (ya ora adohlah sing koste enyong). Bar mangan Facebookan maning nganti jam setengah sanga. Bar man adus, njukut anduk, enyong bingung kyeh karo kancane enyong kok sing mau mondar-mandir neng ngarepe kolah padahal kolahe ya langka wonge. 
Kanca koste enyong sing arane Bang Ali kue, karo nganggo sarung plus anduk. Mbuh kuwe nggawa sarung karo anduk nggo apa? Kaya wong ndesa baen angger adus apa ng***ng nganggone sarung. wkwkwk. Bar kue wonge ngomong, "Ora tega enyong, banyune gari secuil"
"Hah? Masa?" jarene enyong, bar kue enyong ndeleng neng kolah, tenyata iya banyune langka, esat. Ana ember biru ana banyune ben mung secuil tok. Harapane cuman tinggal kolah sebelah sing lagi dinggo kancane enyong sing liyane. Ya wis enyong nunggu baen disit. 
Bar kancane enyong sing bar adus kue rampung, enyong langsung ndeleng kolahe. Ajib, banyune ya pada gari secuil banget. Enyonge ya dadi ora tega adus. Serba salah man adus esuk-esuk mengko ndarani senior sing ora sopan. Adi-adine hurung pada adus piben? Sing esih pada melu kuliah, sing esih pada polos-polos ora adus. 
Akhire enyong ndomplong maning neng ngarepe laptop. Kepikiran man adus neng masjid atawa pom bensin tapi ora sida, kepikiran man adus neng sedulur kadohan, ana sing perek mungkin wis mangkat kantor. Aduh, piben ya kiye??? Pas lagi ndomplong kue, pisan maning metu insting liare enyong. Piben rasane angger enyong neng kampus ora adus?? Kira-kira ana sing percaya apa ora? Atawa ana sing ngonangi ora? 
Akhire cuman adus rai tok, alias raup, terus deodorantnan karo nganggo minyak rambut terus ngenggo klambi karo celana sing pantes plus jaket enyong mangkat neng kampus. Hahahaha... pas man mangkat kanca koste enyong sing arane mas Eko, malah ngakak, "Koen adus pirang ciduk, Mam?" "Ben lah"
PD banget enyong mangkat neng kampus, pertama-tama enyong ketemu karo bocah sing man njaluk film neng langgar kampus, neng tantangan kiye enyonge aman, enyong ora konangan hurung adus. Tantangan keloro, neng ruang komputer perpustakaan, man ngetik jurnal, pertamane ana bocah wadon loro melu ngetik neng sebelahe enyong, karna smakin lama smakin panas ruangane enyong dadi kemringetan, terus jakete tak copot, dan bocah wadone kue ora protes apa-apa? Berarti aman, bar kue bocahe lunga (mungkin wis menyadari ana sing ora beres, dadine lunga, hahaha).
Sue banget enyong neng ruangen kue, nganti kemringetane enyong gembrobyos nganti mbanjiri ruangane kue, nganti wong-wong sing neng kono kelelep barang (percaya?). Tapi untunge ibune sing pas waktu kue lagi njaga ngerti enyong kepanasan, dadine ACne diurubna. Waaaah, sueegeerrr. Enyong neng kono andon download ebbok, jurnal, karo ngetik bahan nggo skripsine enyong. Man jam setengah rolas enyong metu sing ruangan karo man balik. Balike ana tantangan tambahan maning sing ternyata luih lumayan nggawe deg-deg serrr, nglewati cewek-cewek sing lagi pada njagong. Waduh piben kyeh??? Enyonge hurung sikat giginan maning, mengko aku ngomong pada klepek-kleek piben???? Ora papa, ora urusan, ora urunan, sambet baen. Ceterrrr...
Neng kono ana Tika adi angkatane enyong sing kaya boneka puter. Angger ketemu enyong senenge mringis kaya jaran. hwehehe ^^v Piss Tik...
"Mas, koen nganggone tase kaya kue?" Jare Tika
"Mang napa?"
"Ora pantes baen karo gayane"
"ben lah"
Selanjutnya, enyong ngajak ngomong mbak-mbak
"Nonggoni bu EKD juga, Mba?"
"Iya"
"ya wis aku balik baen, akeh nemen sing ngantri"
Yes, dua tantangan plus tantangan tambahan wis rampung. Ternyata langka sing ngonangi enyong hurung adus. hahaha ENYONG BERHASIL!!! ENYONG MERDEKA!!! LANGKA SING NGONANGI AKU HURUNG ADUS!!! HAHAHAH
Tekan kost, enyong ngrongokna suara sing pengen enyong krunguni, apa kue? Suara banyu ngicir neng kolah. "Alhamdulillah, banyune wis mili" bar kue enyong langsung adus. Banyune sich hurung patian akeh nemen. Tapi lumayan nggo adus. Ketemu menungsa hurung adus ora masalah, tapi ketemu Gusti Alloh kayane tengsin angger ora adus. Ora sopan angger ora adus. Dadine enyong adus disit sahurungu sembayang dzuhur.
Alhamdulillah, SKRIPSIne enyong ana peningkatan nggo bahan BAB I, II, karo III, dongakna baen saporete... hehe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar